Hawa nepsune manungsa dijlentrehake ing jagad pakeliran
Laku pasa, ing wulan
Pasa apadene ing saliyane wulan Pasa, kaprah diarani minangka salah
sijine laku kanggo ngendhaleni hawa nepsu.
Tumrap wong Jawa, meper
utawa ngendhaleni hawa nepsu dadi salah sijine laku tumuju dadi
manungsa kang utama. Paugeran urip ing filosofi kabudayan Jawa kang
nengenake sandhang tinimbang pangan mujudake salah sijine asil saka laku
meper hawa nepsu.
Sing dikarepake
nengenake sandhang dudu arupa menganggo lan nglumpukake
sandhangan-sandhangan kang sarwa apik, ananging ateges nengenake upaya
ngapikakae pribadi, mbangun citra kanthi sarana tansah ngupadi apike
kapribaden lan solah bawa.
Dene ngiwakake pangan,
cetha bisa ditegesi laku ngendhaleni kasenengan marang panganan utawa
meper hawa nepsu kang metu saka weteng. Laku pasa mujudake salah sijine
cara kang kaprah dilakoni wong Jawa kanggi meper hawa nepsu iki.
Ing filosofi kabudayan
Jawa kang dadi pancadan uripe wong Jawa akeh sumadya ubarampe kanggo
nyinau babagan prelune tansah meper hawa nepsu. Tumrap wong Jawa ora
kangelan yen pengin nyinau, mangerteni lan ndhudhah babagan hawa nepsune
manungsa kang wis dijlentrehake ing jagad pakeliran wayang kulit. Para
pujangga Jawa jaman kawuri uga duwe kawigaten gedhe marang babagan hawa
nepsu, saengga kabeh kang gegayutan kalawan hawa nepsu iki tansah
diwulangake kanthi sarana seni pedhalangan utawa pakeliran Jawa.
Tumrap wong Jawa,
kayadene kang dijlentrehake ing buku Pengendalian Hawa Nafsu Orang Jawa,
anggitane Wawan Susetya, weton Narasi, Yogyakarta, 2007, babagan hawa
nepsu iki dadi kawigaten karana makmur utawa rusak lan remuke donya iki
gumantung hawa nepsune manungsa.
Yen ana pemimpin kang
duwe watak lan kapribaden kang apik, hawa nepsune kagolong apik yaiku
muthmainah, saengga bisa mujudake memayu hayuning bawana (nglestarekake
lan makmurake bumi saisine). Suwalike, yen sawijining pemimpin iku
tansah nguja hawa nepsu amarah utawa kamurkan, bakal numusi rusake
bebrayan kang tundhone uga nemahi rusake bumi saisine. Nepsu amarah kang
tansah ngejak marang laku duraka, nerak angger-angger lan mburu senenge
dhewe, bebasan kayadene geni. Kanthi mangkono mung cukup pawitan
penthol rek jres siji wae wis bisa ngobong apa wae. Watake wong kang
dikuwasani nepsu amarah iku tansah kumawasa, pengin menange dhewe, lan
kumudu-kudu minangkani hawa nepsune lan syahwat-e.
Ing jagad pewayangan
utawa pakeliran wayang kulit ana paraga wayang kang dadi pralambang hawa
nepsu kang tansah nggubel jiwane manungsa. Dene hawa nepsu kang tansah
nggubel uripe manungsa iku kaperang dadi papat yaiku amarah, lawwamah,
supiyah utawa mulhimah lan muthmainnah. Watake wayang Dasamuka kang
kebak angkara dadi pralambang nepsu amarah, yaiku nepsu kang tansah
ngejak manungsa marang tumindak duraka, dur angkara kanthi sarana sipate
kang tansah adigang, adigung lan adiguna. Wayang Kumbakarna dadi
pralambang nepsu lawwamah, yaiku hawa nepsu kang tansah nyacat salahe
liyan, kalebu salahe dhewe. Hawa nepsu lawwamah iki sejatine wus
nuduhake sipat kang luwih apik kang tuwuh saka kasadharane dhewe.
Watake wayang Dewi
Sarpakenaka, pralambang wong wadon kang tansah kagodha dening wong
lanang kang bagus praupane, mujudake pralambang nepsu supiyah utawa
mulhimah. Hawa nepsu iki sejatine wis alus, saengga meh padha kalawan
wisik utawa ilham, yaiku wisik kang apik lan wisik lang asipat ala. Dene
wayang Wibisana mujudake pralambang saka nepsu muthmainnah, yaiku jiwa
kang anteng lan jatmika ing badan wadage manungsa. Karana iku Wibisana
iku kang dadi pralambang nepsu muthmainnah ora melu sedulur-sedulure,
yaiku Prabu Dasamuka, Kumbakarna lan Sarpakenaka, ananging malah melu
Sri Rama Wijaya, mungsuhe sedulur-sedulure. Ana candhake.
Manungsa dadi palagan paprangan nepsune dhewe
Jumbuh kalawan
pralambang hawa nepsune manungsa cacah papat kang dijlentrehake ing
pakeliran wayang kulit, miturut Imam Al Ghazali kaya kang diandharake
ing Ihya Ulumuddin, manungsa kuwi diwernani patang kekuwatan sipat lan
nepsu.
Nepsu cacah telu asipat
duraka, yaiku asipat kayadene kewan asu kang nglambangake sipat galak,
asipat kayadene kewan babi kang nglambangake sipat kemaruk, asipat
syaithoniyah kang dadi pawadan tuwuhe sipat kewan asu lan babi iku. Dene
sing pungkasan sipat rubbubiyah utawa uluhiyah kang nuwuhake rasa eling
marang Gusti Allah Kang Maha Kuwasa. Sipat sing kaping papat iki yen
dirembakakake lan dikemonah kanthi temen-temen bisa ngluwari sipat
syaithoniyah saka pribadine manungsa. Kanthi mangkono, sejatine manungsa
iku dadi palagan paprangan antarane telung kekuwatan kang asipat ala,
dur angkara, duraka lan siji kekuwatan kang asipat tansah njurung lan
nggeret pribadine manungsa marang kabecikan.
Hamung wong-wong
pinilih wae kang bisa menangake papranganan antarane telung nepsu dur
angkara lan siji sipat kabecikan iku. Paprangan iku kudu dilakoni kanthi
temen-temen murih siji sipat kabecikan iku bisa menang nalika
adhep-adhepan kalawan telung sipat nepsu kang dur angkara.
Gusti Allah Kang Maha
Asih sejatine wus mepaki ubarampe tumrap manungsa ing alam donya supaya
bisa ngemonah paprangan antarane siji sipat kabecikan kalawan telu hawa
nepsu asipat dur angkara iku. Ubarampe kang dikarepake yaiku
ubarampe-ubarampe rohaniah arupa akal lan nepsu. Iki kang ndadekake
manungsa beda kalawan malaikat kang mung antuk ubarampe akal saka Gusti
Kang Maha Kuwasa, ananging ora duwe nepsu. Samono uga beda kalawan sato
kewan kang mung antuk ubarampe nepsu tanpa akal. Dene manungsa, menawa
luwih ketarik marang ”tarikane langit”, tegese bakal luwih cerak marang
sipat taat kayadene malaikat. Suwalike, yen manungsa iku luwih seneng
marang ”tarikane bumi” utawa kadonyan, ateges dheweke luwih cerak marang
sipat kewan.
Amarga manungsa iku
dipepaki ubarampe akal lan nepsu, mula dheweke duwe kalodhangan dadi
titah kang apik dhewe, bisa luwih apik tinimbang malaikat. Ananging,
manungsa uga duwe bisa dadi titah kang drajate luwih ala tinimbang sato
kewan kang mung ngudi mareme hawa nepsune. Para pujangga Jawa jaman
kawuri, ya para leluhur kabudayan Jawa, akeh kang kondhang minangka
insan kamil (manungsa paripurna). Iku karana para pujangga iku wus kasil
meper hawa nepsune kanthi maneka rupa cara lan upaya.
Sejatine, hawa nepsu
mono duwe sipat kang kas lan ketara banget. Miturut anggepane wong Jawa,
”hawa” iku ateges rasa wegah nindakake samubarang laku kang asipat
nyedhak marang sipat taat (marang Gusti Allah Kang Maha Asih). Dene
”nepsu” ateges semangat kanggo nindakake laku maksiyat. Kanggo ngemonah
”hawa nepsu” iku kudu kanthi cara mindhahake ”hawa” marang ”nepsu” lan
suwalike, mindhah ”nepsu” marang ”hawa”. Tegese, rasa wegah nindakake
parentahe Gusti Kang Maha Asih dipindhah menyang wewengkon ”nepsu”.
Saengga kang tuwuh sabanjure rasa wegah nindakake laku maksiyat.
Suwalike, semangat kanggo nglakoni tumindak maksiyat (nepsu) dipindhah
menyang wewengkon ”hawa”. Saengga kang tuwuh lan ngrembaka arupa
semangat nindahake kabeh prentah-E. Ing jagad kabudayan Jawa, wus akeh
tuladha laku mindhahake ”hawa” marang ”nepsu” lan ”nepsu” marang ”hawa”
iku.
Tumrap wong Jawa, salah
sijine laku kanggo meper hawa nepsu yaiku laku ngurang-ngurangi, kalebu
laku pasa lan laku tapa kang nglimputi tarak brata, mesu brata, tapa
brata lan pati brata. Tarak brata iki ing bebrayane wong Jawa kang
sinebut ngurang-ngurangi, yaiku ngurangi mangan, ngombe lan turu (cegah
dhahar lawan guling). Mesu brata yaiku lelaku kang kwalitase luwih
dhuwur tinimbang tarak brata. Ing kene, wong wus ngupadi marang laku
prihatin rohaniah. Tapa brata mujudake lelaku kang luwih manther marang
sangkan paraning dumadi utawa manunggaling kawula gusti. Dene pati brata
arupa lakune manungsa Jawa kang wus nggayuh tingkat dhuwur dhewe, yaiku
wus tekan marang mangerteni lan ngenali Gusti Allah kang haq. Ing laku
pati brata iki kang kabudayan Jawa sinebut wus kasil nggayuh
manunggaling kawula gusti.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar