Lah ta iki pitutur mring èstri, sira iki
jumenenging priya, pitutur marang rabiné, kang sareh dipun elus, gwa
kaworen nepdu yen angling, dadi nek klèru tampa, kang winuruk iku, wus
kocap ing dalem surat, ujar bengis puniku kaworan eblis, ana ngekaké
napas.
Inilah
nasehat untuk seorang putri, engkau itu sebagai seorang laki-laki,
memberi nasehat kepada pasangamu, dengan penuh kesabaran, jangan pernah
dengan nada tinggi, dan membuat salah sangka, bagi yang diberi nasehat,
telah disebutkan dalam surat (kitab), kata-kata bengis itu dipenuhi
iblis, pada setiap tarikan nafas.
Ajak kéré adiku wong kuning, menèk ilang
ginawa jajaka, kang kélangan aku dhéwé, ari mas aja guyu, akèh jaka
nagara iki, jakané pirang-pirang, ari mas wong ayu, nganggowa guru kang
ngarang, esemira predenen.3 ingkang awingit, ywa guyu cukakaan.
Mengajak
susah adik ku, kalau sampai sipinang pria, aku sendiri yang merasa
kehilangan, adiku yang cantik jangan tertawa, banyak pria di negri ini,
yang perjaka banyak sekali, senyummu itu apakah yang disembunyikan,
jangan tertawa terbahak-bahak.
Lawan yayi ywa sok metu bengi, lamun
rinaha jaluk ngalunga, mungup ati lawang baé, ywa metu dalu-dalu, menèh
ilang gina belis, belisé pirang-pirang, ari mas wong ayu, yen surup aja
sok dolan, candhuk ala akèh ula lan memedi, gendruwo sawan weliwo.
Dan
adikku jangan engkau suka keluar malam, kalaupun siang ingin sekali
pergi, sekedar hanya keinginan saja, biar sirna pengaruh iblis, iblisnya
banyak sekali, adikku yang cantik, kalau petang jangan suka bermain,
tidak baik banyak ular dan memedi, genderuwo dan keburukan.
Ujar ingsun gugunen sayekti, yen tan
ngandel takona wong tuwa, yen kokira goroh baé, sayekti ujar ingsun,
nguni ana ginawa belis, ujaré wong kang liwat, ginawa mangidul, becik
kalamun dèn nutta, sayektiné yèn sira nora nitèni, angrusak raganira.
Kata-kataku
didengarkan benar, kalau tidak percaya tanyalah orang tua, kalau engkau
mengira aku bohong, sesungguhnya benar kata-kataku, dahulu ada yang
dibawa iblis, cerita orang-orang, dibawa ke selatan, (maka) lebih baik
jika engkau menurut, sesungguhnya jika engkau tidak teliti, sama dengan
merusak tbuhmu sendiri.
Panuwunku mring Hyang Maha Suci, sira
iku aja dhemen nongga, gawé camah mring awaké, temahan dadi kumprung,
pengung bingung wekasan ngaling, temah ginuya tongga, lamun sira gugu,
ujaré wong liwat dalan, saluguné kang darbé catur puniki, mung ngarah
bubrahé.
Permohonanku
pada Tuhan, engkau itu jangan suka main ke tempat tetangga, itu bikin
rendah untukmu, akhirnya nanti jadi bodoh, bodoh bingung akhirnya
linglung, menjadi tertawaan tetangga, kalau engkau mau mengikuti, apa
nasehat orang banyak, sebenarnya yang punya omongan ini, hanya akan
membuat berantakan.
Malah-malah sun kanthi benjing, lamun
sira bisa darbé putra, kalamun kakung putrané, sun jenengké semangun,
lamun èstri ingsun arani, khatijah jenengira, kaya uga patut, sun
tutoken kalung dinar, kinanthilan intené loro sasisih, iku kaul manira.
Malah
aku ikuti sampai besuk, jikalau engkau bisa mempunyai putra, kalau
putramu laki-laki, aku namakan semangun, kalau putri aku namakan,
khatijah namanya, sepertinya juga pantas, aku berikan kalung dinar,
dengan inten pada setiap pasangnya, itu janjiku,
Lan maningé pan nedheng sun yayi, lamun
sira lulus trisnanira, gung gawé remen saleder, dedalan metu nglurung,
asasanjan rahina wengi, lan aywa remen dolan, iku nora patut, temahan
dadi kapiran, yèn wong wadon remené sok saba bengi, yekti dadi wong ala.
Dan
lagi karena sedang senang aku dinda, kalau cintamu lulus, gemar membuat
masalah, senang bermain belakang, bermain ke tetangga siang malam, dan
jangan suka main, itu tidaklah pantas, akhirnya bisa tidak terurus,
kalau ada wanita suka pergi keluar malam, selayaknya jadi orang nista.
Ing désa kéné ana wong siji, aremen
sasanjan mring tangga, ngluruh dalan saben dina, lunga suk mulih surup,
mung puniku karyané yayi, lah yayi tinggalana, apa becik iku yèn becik
sira tituwa, lamun ora becik aja anglakoni, satemah dadi ala.
Di desa
sini ada satu orang, senanngnya main ke tempat tetangga, main belakang
setiap hari, pergi pagi pulang petang, hanya itu kerjaannya dinda,
makanya dinda jauhilah, kalau memang baik silahkan diikuti, tapi kalo
jelek jangan melakukannya, karena akan berakibat buruk.
Wekasané wong kang remen main, kang
mlarat tan lawan sugih utang, dèn sengiti mring tanggané, suda
piyandelipun, wasanané tan dadi weri, tansah kasurang surang, ngadadadé
puniku, sanak kadangé sadaya, samiya éwa andulu yèn demen main, yayi mas
yektènana.
Ujung-ujungnya
orang yang suka main, yang melarat tidak lain banyak hutang, dibenci
oleh tetangga-tetangganya, berkurang wibawanya, akhirnya menjadi pembuat
onar, selalu terlunta-lunta, seperti itu keadaannya, anak kerabatnya
semua, semua kecewa jika senang main, dinda perhatikanlah.
Ana maneh yayi kang nyanyangit, wong
karem marang memadatan, iku dadi cacat gedhé, nèng ulat dadi payus,
wekasané katon nyanyengit, yèn nuju sabagiyan, lir wong kenèng ngukum,
ing dunya tekèng ngakérat, wekasané wong madat tan dadi sugih, mung
seneng sugih utang.
Ada
lagi dinda yang membuat benci, orang yang senang dengan madat, itu
musibah besar, di muka terlihat pucat, akhirnya membuat orang sebel,
jika sedang butuh, ibarat seorang tahanan, di dunia sampai dengan
akhirat, pada akhirnya orang yang suka madat tidak pernah kaya, hanya
senang berhutang.
Pambekané wong nyeret punika, yen pinuju
mendem angedhangkrang, lir trunajaya ambegé, gung gawé sugih umuk,
kojahira awarni-warni, ukure katempèlan, pangakuné weruh, iku pan wus
kalumrahan, wong madati anganggo pambegkan sisip, lah yayi singgahana.
Nafasnya
orang yang suka merokok itu, jika sedang mabuk berat, seperti trunajaya
sikapnya, hanya suka pamer, bicaranya ngelantur, hanya sedikit
kerasukan, mengakunya bisa melihat, itu sudah menjadi hal yang biasa,
orang suka madat menggunakan sikap yang keliru, maka dinda jauhilah.
Yèn pinuju pambagiyan yayi, lunga Sanja
sarwi utang-utang, mring sanak-sanak kancané, praptanira ing ngriku,
kojahira awarni-warni, ngalem kang darbé wisma, kangmas tuku baut, déné
wigya omah-omah, yèn ta kula adarbé omah kadya ki, ngong rabi kongsi
papat.
Jika
pas sedang kumat dinda, pergi ke tempat tetangga dengan meminta
pinjaman, pada anak dan teman-temannya, ya seperti itulah adanya,
bicaranya ngawur, senang memuji tuan rumah, kangmas membeli banyak
barang, bahkan pandai bikin rumah, kalau saja saya memiliki rumah
seperti ini, pasti aku nikah sampai empat kali.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar