Wimbaning
rasa kang aneng jro ati, wimbaning katongton, pan rumongso anuksma
rasane, ing tingal sih rasane kang urip, kumpule dumadi, raos
sakahetung.
Mapan aling wijining ngaurip, wijine
sawiyah, enur suhut kalawan ngelmune, wadah ira geni lawan angina, ping
kalihe malih, siti lawan banyu, iya iku tunggale sawiji sampurnane dadi
wong.
Tiningalan iku ing lair ira, iya iku
rasa banyu urip, kuwat ira angina, geni karep nepsu iku ingkang amadahi,
dadinira awor, iku pada lan lair tamtune.
Rasa cahya manjing marang ngelmi, wiji
kang duweni, tan kena cinaturan ingaranan sampurnaning urip, iku dipun
cernoh, aja sira karem donya bae, pan weruh wawekasan urip, cahya rasa
urip iku dipun weroh .
Sipat iku kang sira tingali marganipun
weroh, iyo apan iku ing dadine, yenta weruh sira rupa jati, nggon ira
aurip, iku misih bingung .
Iya mengko sira sun tuturi tegese kang
raos, aja sira tingal jaba bae, upamanira yen sira guling lamun sira
ngimpi , sapa kang andulu raragane pan kira aguling, ing jero miraos wan
loro tunggale, nora pisah pan ora atunggil, pilih kang ngawruhi, lir
kaca dinulu .
Jroning kaca sira tingali, tanpa
dununging nggon, iya uga among sira dhewe kaca iku umpamane jisim,
kalimputan urip, sukma kang ndulu, rasa iku kang wujut jati, katingal
kang katon, sirno jisim mulih ing asale, mapan asalira duk dumadi, bhumi
angina geni, kaping patte banyu.
Jisim alus tan kena ing pati, iyo iku erroh, among rasa nikmat lan larane, tandya wangenan nggon ira aurip.
Lan sakehe kang jro nala tingali sayekti, kalbunira nyatane Hyang Widi, kakelir sayekti, megane pandulu.
Umpamane lir sare lan estri tingal ira
raos, sumrah kabeh ing raga nikmate, suka nikmat tan wonten kuwatir, tan
ngraos darbeni, sedaya pan kumpul.
Lamun sira yen arsa aguling, tan dyanen
sayektos, napas ira pan iku yektine, sarta lamun sira manjing, lampahe
aririh, rahmat kang tumurun.
Liyaping netra kang rohmat wus manjing,
ing jro manah awor, dadya lali ing kanikmatane, marma datan anget raga
iki, tanwruh kula gusti, dudu iyo dudu.
Iya iku al bransanusiri, Mukhammad
rasengo, sira kawiti kang sun dadekake, pan wiji sekalir dumadi, saking
ing sireki, sira saking ingsun.
Dipun reksa saranaken urip, pasrahna
Hyang Manon, dipun nggono rasa sarirane, dipun awae nggonira ngulati,
kang trus lawan ngelmi, pituduh ing guru.
Sabdaning gurunen ngati-ati, anuta ing
pakon, sarta iklas ing pangidhep kaberah, pati urip datan den rasani,
sunya lawan lawan singgih, pan ora kaetung.
Mengko padha sun tuturi malih, brahisih
kang katon, kweruhana, ya ing dadine, pan ing raga dununge ing ati, ati
ingkang putih, arane pausuh.
Patang prakara dadine kang isih, pan
sanes kang enggon, ingkang dhingine jantung nggone, kaping kalihe limpa
sadyang ati, tyaspangasih, kaping tiganipun.
Ingkang welas sarta awor asih, iku ning
papusuh, tulung tinulung ing kono kuwi, tyas ing sih lakune dhemeni,
tresna lan kapengin iku nggonipun.
Ingkang wonten jejantung puniki,
kasmaran ingkang wong, iya supe marang liyane, kerut sedyane sih lan
rasmi, rasaning sih, sadaya kapengku.
Ingkang kekalih sih dunya kang katon,
lana reremen kalawan tunggale, budi piker metu ing jro ati, sabar lileng
pati, donya tan kaetung,
Kaweruhana ja sira lali iku kang weruh,
ing marmane aling ing paberane, barang cinta pangucap ing osik lawan
esir, ya saking Hyang Agung.
Pan tarima lakune kang yekti, iku
imaning wong, ingkang padhang nora pethenge, iya padhang tegese pan
eling, nora kena lali, iku dhikir Ya Hu.
Erapipun kang dhikir puniki, napas
manjing wiwitane panjinge napas, wedalipun napas Hu kang kapuji, ing
sajeke urip, melek lawan turu.
Tegese Ya hu Allah kang urip, kang
mubeng tumuwoh, sakabeh kang gumelar, urip langgeng ingkang Maha Suci,
aniyata dhikir, ing sakjroning kalbu, iya iku sampurna kang urip, dadene
papan awor, awor cahya kang padhange linge, pan ciptanen dadine
sawiji, iya ruh ilafi, dadine jeng rasul.
Nalikane sira angabekti, rumongsaha kang
awor, tuwin sira dhuk dhikir kalane, pan ing kono nggoning kang ning,
raganira iki sirnaning pandulu liyaping netra.
Kebut ing ati akbarira awor, petenging
tyas tan aling ragane, Wimbuh ira katingal jro ati mring kang Maha Suci,
Sih ira Hyang Agung.
Datan mawi lantarane malih, Sih
Pangeraning wong, Iya rahmatira iku kabeh, Yakna rahmat Sih tumurun tan
elingling diri, tansah manah liwung.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar