Kanggo
gagaran nyumurupi manunggale KAWULA GUSTI, apa dene pratikele supaya
bisa damang gelare Sastra Cetha, yaiku tulisan kang nyata, tulisan kang
muni dewe tanpa diwaca yaiku blegere urip. Dadi amrih bisa nyumurupi
marang uripe, garise dew kang landesan kukum sebab lan akibat (daruna
lan wahana).
Kang minangka tulada dadi gagaran
neniteni dumunung ana ing kahanane wong kang berbudi cukup, lire wong
kang ngenggoni sipat-sipat kamanungsane, awatak asih marang sapadane
tumitah, ambeg welasan gelem tetulung tanpa pamrih apa-apa, sing tumrap
awake dewe lsp. Yen menawa tetembungan saiki, ya wong sing ajiwa sosial,
kang gemblengane banjur dadi wong sing bisa ngayomisesamaning ngaurip
tanpa melik apa-apa.
Mung perlu wae diimuti yen sipat sing
kaya mangkono mau senajan ta becika pisan nanging yen kurang wicaksana
anggone ngetrapake wahanane malah dadi kosok balen. Welas marang sak
pada-padane tumitah kan kanti wicaksana iku ateges welas marang soksapoa
kang mula pancen patut lan wajib diwelasi. Karana yen ora mengkono
dadine malah banjur welas tanpa alis, semono uga ngenani prakara
tetulung, yen kleru cak-cakane wahanane malah malah ngapitunani sing
ditulung. Dadi bakune tindak kautamankasebut ing duwur kang kudu
dilekasi adedasar kawicaksanan iku, kajaba wujud dadi kasuyatan uga kudu
kang wahanane ora bakal agawe kapitunane jiwa maran sapa wae kang
ditamnduki kautaman mau.
Tindak sing kaya mangkono iku ateges
nuhoni dharmaning ngaurip amrih rahayuning jagad, mungguhung jagad
pakeliran kaya lekase Sri Ramawijaya sing tumanduk marang maharesi
Subali ing Guwa Kiskenda lan Rahwanaraja ing Ngalengkadiraja, utawa
lekase Sri Kresna ing Dwarawati sing tumanduk marang para kadang Kurawa
jroning perang Barata Yuda Jayabinangun. Kawicaksananing amrih
rahayuning bawana nganti pantog tekan “tegel” ngrampungi para kang pada
tumindak dur. Ora kena rasa sengit utawa getting, nanging karana rasa
welase. Yen ta ora enggal disirnakake, kajaba kang pada ngawaki bakal
saya gede durhakane, kahanane jagad uga banjur ora bakal leren anggone
gasrek marga saka daya angkarane mau. Tindak tanpa kendat lan ajiwa
sosial alambaran kawicaksanan, dayane mesti tumimbal-balik lire : sing
sapa ngayomi liyan, prasasat ngayomi pribadine. Tabate ora ana liya
kajaba mung kabecikan lan babrayan mesti gede panarimone marang wong
kang sipate kaya mangkono mau.
Anadene kang diarani bisa mranata lakune
nafsu lan meper sakehing pakarti kang tuwuh saka rangsang saya
krekating jasad kadagingan iku, mranata bekaning urip lair lan bekaning
urip batin. Bekaning urip lair kang tuwuh dening pakartining pancadriya
lan bekaning urip batin kang tuwuh dening ubaling nafsu patang perkara,
yaiku ; Mutmainah, Supiyah, Luwamah lan Amarah.
Nafsu patang perkara kasebut sarta
pakartining pancadriya, iku samangsa ora dikendaleni, lire diuja
tumindak ing salonggar-longgare, wahanane tumrap salira pribadi banjur
dadi mbakar kasenengan lan kemareman, ambeg candala ing budi, watak dara
cidra, demen fitnah lan nganiyaya ngumbar nguja ubaling nafsu, dene ing
sabanjure dadi demen marang tumindak crobo (ora bisa weruh ing ukuran),
laku nista, ambeg degsura, kesed lan sungkanan sarta lumuhmarang tarak
brata. Kabeh mau pada mujudage sambeganing laku tumraping urip ya lait
ya batin.
Ing sarehne wis bisa meper hawa nafsu
lan ngeker pakartining pancadriya, temah bisa mranata jiwane sarta
banjur ora wigih ngadepi sakehing goda rencana maheka warna sarta wasis
nyabili seprelune. Yen wis kaya mengkono, dadine mestibanjur ora bakal
kasamaran samangsa kudu ngadepi pati, karana jeroning uripe ora
ninggalake tabe bebibget apa-apa.
Ngudi murih jiwa raga sarta sakabehane
iku bisa lestari slamet iku kudu katindakake kalwan tanpa leren ing
salawase urip, kanti awawaton sing wis ditetepake dening ngelmune,
lakune supaya bisa tetep, ojo kongsi sulaya karo gegebengane.
Mula mangkana jalaran samangsa wis
niyatingsun nggilud marang sawijining ngelmu, panggilutu kudu sing
kalawan temenan, ora kena sulaya utawa nyulayani sakabehing
angger-angger jer kabeh mau kena ingaranan sawijining prajanji kang
kawetune lan kalakone mung sapisan. Bener ya sapisan iku, yen ta luputa
ya ora kena diambali maneh dadi samangsa ora ngati-ati, wahanane bisa
drawasi.
Srana kang bisa kanggo ngayuh marang iku
mau kabeh kajaba tindak kaya kang wus kawedar ing katerangane ing duwur
uga kudu bisa manunggalake KAWULA lan GUSTI, ya manunggalake raga lan
sukma. Rehne karo-karone iku manunggal lan blegere pada dai prasemon
gaibing Hyang Widi, ing samubarang rehe kudu sing kalawan tumata, solah
bawa, muna-muni lsp. Kudu tansah diemuti yen kabeh mau atas asmane
Pangeran. Tindakake roga karono dikemudeni dening sukma, dadi uga ateges
tindake nyawa, tindake kawula pada karo tindake Gusti jer loro-lorone
manunggal ana ing badan sawiji.
Ing antaran srana kang menika warna,
srana panggayuke bisa kanti nggladi murih lair lan batine bisa tumata
lan tentrem, meneng, wening lan dumunung – Tegese meneng iku ya menenge
raga kang kaprabawa dening nafsu, wening iku weninge pikir, ngedohake
gagasan sing tumuju marang tindak ora perlu lan ora utama, temah
dumunung ana ing pusaraning gegayuhan. Jiwa raga sakojur gumolong gilik
dadi siji ngadepi pajumbuhan kang pratitis nganti bisa klakon.
Yen laku sing kaya mangkana mau bisa
digawe pakulinan lan bisa ajeg, samangsa ana gawe parigawe sawanci-wanci
bisa diecakake kalawan ndadak sarta lekase bisa titis lan tatas.
Satumungging rimbagan, gilig kaya gilige jladren kang munggah ing
cithakon.
Surasane ngelmu sejati iku yen
dirasakake temenan mula pancen nyenengake, karana bisa miyak sakabehing
warana sing nutupi gaibing Pangeran bisa gelar wewadine jagad dalah
saisine kabeh, wiwit kang agal kasar, nganti tekan sing alus ngrawit.
Mula keh-kehane banjur dadi kasegsem,
kentir ing daya enggala bisa nyakup sakabehing isine wiwit “HA” nganti
tekan “NGA”. Sing kaya mengkene iki njalari kurang pramareming panggudi
lan suusurapane banjur mung grambyangan wae, kebat-kliwat, iki marga
saka kapiluyune – malah marga anggone kayungyun lan kesusu nyumuruppi
iku mau, nganti lali ing weweka. Ana ing ngendi-endi sing diujarake
tansah ngelmune wae, ora ngemuti marang kahanane papan lan empane sarta
wewalere. Ilang kaprayitnaning bantin ninggal pepacuh endi sing kena lan
endi sing ora kena diwedharake, lekase kaya wong guru aleman, kepengin
diarani sugih ngelmu utawa saora-orane digolongake marang wong sing
anduweni reh kebatinan.
Tindak sing kang kaya mangkono mau
kajobo ora prayoga, ugo ora bener, nyamari banget. Mula kudu sing bisa
mapanake giludane ngetrapake surasaning ngelmune kalawan kawicaksanan –
Tindak lan tanduk solah bawa muna-muni supaya sing tumata, tajem
prayitna lan was pada ing samubarange katone jatmika.
Kanti laku kang kaya mangkono mau sarta
kanti tansah nggladi murih Gusti manunggal lan Kawula samangsa wis bisa
nyandhak marang tataraning gagayuhan kang sejati pindane prasasat bisa
nemu pepadang kang sumunar cahyane amblerengi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar