Pepadang sing bisa
digayuh kalawan laku kaya sing wis kaceta ing duwur iku prasasat
ngungkuli padange srengenge. Srengenge mono padange mung kena dirasakake
lan disipati dening kalairan (pandulu, badan sakojur) nanging padang
sing ditemu sarana laku iku padanging roh, ya sing diarani nurcahya
(Nur=cahya, cahya=caya, dadi cahyane cahya = roh ilapi) sing daya
panguwasane ngngluwihi kadi padhange srengenge.
Tegese : pepadang sing
kaya mangkono mau sing ceta bisa jalari tindak utama ing madyaning
bebrayan lire jagad gede kawaratan, bisa nanduki marang sarira pribadi
(jagad cilik)karana bisa meqar dadi amal suci. Atine padang ora
kasrimpet ing pamotahing napsu kadagingan, kalis saka saka goda rencana
kadonyan sing ajak-ajak rusak, ya rusake raga, ya rusake jiwa. Iki kabeh
mau kudu ditindakake kalawan tanpa kendat ing salawase urip.
Mung emane dene sing
kaya mengkono iku arang banget kang bisa nglakoni, keh-kehane banjur
kandeg ing tengah dalan, ing sakawit kaya iya-iyaa, nanging toging
ngendon bareng mrangguli gampange banjur ngusira, murtad saka
gegebangane kang sejati. Kang mangka kabeh mau kudu ditindakake ing
salawase urip lan kudu diemuti yen iku mau kabeh mung mujudake
sawijining prajanji sing kawetu lan kalakone mung sapisan. Ana dene sing
jalari angele iku mau, jalaran sing akeh ora bisa nyandak marang
susurupan ing bab legining madu.
Ora idep ing lungguhi si legi lan
lingguhe si madu sarta manunggale sakaro-karone. Endi sing diarani
“Dzat” madu lan endi sing ngeker sipat manise, ora bisa digraitani. Iki
dasare mung prasemon tumrap marang sasira pribadi, sing ateges ora
ngidepi marang jejering Kawula lan Gusti sarta manunggale sing kabeh mau
prasemone Gaibing Hyang Widi, dadi sok mangkonoa uga ateges ora bisa
nyumurupi ing Pangerane. Kang mangka dudununge senajan ora karuwan
golek-golekane yen ditumemeni tinemu ana awake dewe.
Ana unen-unen…” adoh tanpa wangenan,
cedak tanpa senggolan ” iku maknane ora bedo karo keplase madu lan
legine iku mau. Gemblenge mujudake kahanan sing aninang, sing ora ana
prabedane karana manunggal dadi siji.
Kanggo nyumurupi dununge sipat legi lan
dzat madu sarta ndamangi marang manunggale, ya sing ateges meruhi marang
manunggale Kawula lan Gusti utawa marang Pangerane, iku temene wis pada
cumepak prabote, tur genep pisan, yaiku tinemu ana ing sarira pribadi,
ana ing awake dewe. Nanging ing sarehne kurang bisa migunakake carane
anggone ngudi banjur sok ora genep, ninggal salah sijining srana saka
uger-uger panggilu dane ngelmu (sarengat, tarekat, hakekat lan
makrifate). Utawa isish kerem marang ubaling napsu kadagingan, duwe
pamrih rupa-rupa sing tumanjane mung marang urip kalairan.
Kajaba iku, keh-kehane pambudine sok
sembrono ora ngendahake marang wewalering ngelmune nyepelekake karana
ngrumangsani yen wis bisa nyakup marang surasane kabeh, wiwit saka “Ha”
nganti tekan “NGA” utawa marga saka anggone kurang bisa ngendaleni hawa
napsune, banjur ora bisa ngetut utawa nyusetyani marang sakehing wewaler
kang mestine kudu diturut. Lekas ing kaya mengkono mau mbebayani tumrap
marang awake dewe lan samangsa kudu ngadepi kukuting jiwangga, asring
isih kagubet dening pakartining napsu kadagingan lan kagoda dening
pakareman-pakareman kang di alami dek rekalane isih meger-meger urip
waras-wiris. Jer sakabehing tindak kang dilakoni nalikane isih jejer
dadi manungsa iku, luwih-luwih sing ana gegayutane karo ubaling angkara
murka, isih tumabet ana ing jiwa kang angel ilang-ilangane. Awit saka
iku sing akeh-akeh patine banjur sasar susur ora bisa sampurna utawa ora
bisa entuk dalan kang padang lan gampang.
Anggane ngudi saya ngangsa-ngangsa
kayungyune marang pamrih sing maneka warna lan asipat kadagingan mau.
Ana dene sing dianggo nutupi mung estine marang tindak madya lan utama.
Dadi apa sing katindakake mau salugune cengkah karo kekerane ngelmune
kang sejati, ateges uga tumindake cidra ing atase nggilud pangelmon,
bebasane jabo putih jero kuning (palsu). Upamane banjur madeg dadi dukun
kang ngalap opahan, netepake mejani lan patukon lsp, kang dadi margane
urip seneng nanging mung uriping wadag.
Awit saka iku, ing babagan sing kaya
mangkene iki kudu sing bisa waskita lan trampil milah-milahake,
endi-endi sing tidak nyata nurut andemaning kajaten, endi sing mung
dianggo srano mulas kajatene kang ora bener iku. Yen dijablasake endi
sing tumindak bener-bener atas asmane Pangeran karana lekasing lair iku
dikemudeni dening batin, lan endi sing mung tindak ninggal Pangerane
Gusti karana lekasing lair iku mung kanggo nyukupi kabutuhaning lair
wae. Ana dene sarengat sing kanggo gagaran pamilihing kahanan, endi sing
sejati lan endi sing mung pulasan, yaiku pangeling-eling marang
Pangeran manunggale Kawula lan Gusti lan ngugemi kayakinan, yen urip iku
satemene ana kang murba lan masesa, yaiku Hyang Widi. Dadi kudu emut
solah bawa, muna-muni iku mau kabeh atas asmaning Pangeran, kang sipate
suci ora ana kang madani. Samangsa ana lekas sing katon melok, mangka
banjur cengkah karo kasucianing Pangeran, iku terang banget yen ora
bener (eling marang sipat 20 ing Pangeran).
Sipat kajaten, yaiku keploking tindak
lair lan osiking batin,krenah marang kautaman sing bener-bener kanti
rila legawa lan nyata-nyata dudu pulasan, mungguhing banyu mono pada wae
karo banyu wening lan resik akinclong-kinclong yen ta diombea bebayane
ora ana nyata-nyata bisa mareming ati lan sirnaning salit. Ya tindak
sing kaya mangkono mau sing dialami wiwit saka lair nganti tekan
samatine.
Ana rembug pangelmon sing ana gandenge
karo babagan Sangkan Parane Dumadi ana tetembungan yen uripe manungsa
ana ing donya iku bebasane mung purlu Mampir Ngombe. Tembung “Mampir
Ngombe” kasebut, kajaba mengku sipate sing kudu diombe, uga mengku
wektune, lire mung samampir, mung sak perlu, dadi ora suwe lan sing
diombe kudu banyu sing mupangati tumrap marang uripe lair batin, yaiku
tirta wening sing wanese kalintang.
Dadi terang banget uripe manungsa ana ing
alam donya iku bebasan mung sasiliring bawang mung sedela banget yen ta
ditandinga karo wektu kang bakal dialami ana ing alam langgeng. Dadi
samangsa urip kang sedela iki ora dipigunakake sing kalawan pratitis,
mestine banjur bakal kapitunan lire migunake kalawan pratitis yaiku
ngobeya banyu kang wening, nggiluta ngelmu sing murakabi tumrap marang
urip lan pati, bisoa nyumurupi saka ngendi urip iki lan menyang endi
urip iki sabanjure ((ing sak wise kukut ragane). Weruh sing kalawan
temen-temen lan alandesan pikir kang maton.
Iki lagi bisa kelakon yen enggone milih
iku kanti pratitis, bisa damang endi sing nyata lan endi sing pulasan,
endi sing suci lan endi sing kebak pamrih kang ora yoga. Dadi kudu bisa
mbedakake endi sing tirta wening lan endi sing tirta tan wening, kang
supaya ara keblasuk. Awit yen kleru sapisan mesti bakal kleru ing
salawase : janjine mung sapisan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar